5 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema, Yuk Ketahui!
JAKARTA, iNews.id - Contoh geguritan Bahasa Jawa singkat berbagai tema menarik diulas kali ini. Masyarakat Jawa tentu sudah tidak asing dengan istilah tersebut.
Geguritan merupakan salah satu karya sastra yang berkembang di tengah kalangan penutur Bahasa Jawa. Biasanya geguritan Bahasa Jawa ini berisi beraneka topik yang mengandung nasehat dan pesan untuk para pendengarnya.
Ada berbagai syarat dan teknik penulisan pada geguritan Bahasa Jawa. Yakni adanya nama pengarang, terdapat guru lagu (Huruf vokal), guru wilangan (Jumlah suku kata pada tiap baris) dan guru gatra (Jumlah bait).
Macam-macam geguritan Bahasa Jawa yang umum dijumpai antara lain geguritan tembang macapat, gendhing, kidung, maskumambang, carakan, wulang swara, pupuh dan serat.
Berikut contoh geguritan Bahasa Jawa singkat berbagai tema dirangkum berbagai sumber, Selasa (12/09/2023):
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
1. Geguritan Tema Ibu
Judul: Ibuku karya Alfia Nisa Arahma
Ibu...
Sapa kang bisa ngerti aku
Kajaba ibuku
Saben dina saben wektu
Ibu tansah ndidik awakku
Saben ibu duka marang aku
Lara tenan rasane atiku
Ibu...
Aku njaluk restu
Supaya anggonku sinau
Bisa migunani kanggo masa depanku
Ibu...
Au tresna marang ibu
Tanpa ibu aku dudu sapa-sapa
Amarga ibu aku ana ning donya
Maturnuwun ibu
Aku tresna ibu
2. Geguritan Tema Percintaan
Judul: Tresnoku Kepalang Pangestu karya Azizah Nana
Marang Gusti Kang Kuoso, Panyuwunku amung siji
Soko mletheke srengenge tekan metune rembulan
Ati iki ora bakal ayem sedurung weruh slirane
Duhh Gusti Kang Moho Agung
Tresnaku tan tekan marang awake
Liwat angin tak titipke roso kangenku
Senajan tan biso tekan nanging aku ora biso lumaku
Pangestune wong tuo ne ora biso tak tuku
Mesem bebarengan awake mung dadi ngimpiku
Tanganku tan biso gandeng tangane
Amung rogo iki kesekso tekane pati
Mergo awake cah ayu sing tak tunggu
Tresnoku kepalang pengestune wong tuo ne
Pati ku mugo dadi dalan biso nyanding slirane
3. Geguritan Tema Kehidupan
Judul: Kahanan Jaman Saiki karya Dewi Nurhidayati
Kahanan jaman saya ndrawasi
Bener kaanggep luput
Luput kaanggep bener
Aku tansah nggedumel
Para pemimpin kang kedah tinulad
Malah nerak angger-angger
Tumidak congkrah lan daksiya
Pranatan kawedhar
Ndadekake pawangon asor
Sangsaya kalindhih kajanan anyekik
Kahelis putering jaman
4. Geguritan Tema Permohonan Ampun Kepada Tuhan
Judul: Tawakal Marang Gusti karya Dian Yustika
Ing sepine wanci
Kakdelok rasa rasaning kawedenku
Marang panjenengan
Ati lara tanpa upama
Gawe maksiat lan dosa
Sarta lalakon kang ala
Lelakon kang tanpa suba sita
Marang wong liya lan sepepadhan
Duh Gusti
Ing rodane wektu
Nalika tengah wengi
Kula ngunjukkaken dedonga marang Gusti
Ingkang murba ing dumadi
Gusti paringana kawelasanMu
Kanggo nuntun aku eling marang agama
Agama kang dadi ageming aji
Agama kang bisa dadi gegamaning ati
Eling marang sakkabehing polahku
5. Geguritan Tema Kehidupan di Desa
Judul: Kampungku karya Rafif Mahendra Rajesh
Aku urip nang padesaan
Omahku adoh soko kutha
Kampungku katon tumato
Kadelok asri, becik lan nyaman
Yen wayah esuk
Krungu swarane jago kluruk
Pratandha wong wong podo nyambut gawe
Kanggo memenuhi kebutuhane urip
Kampungku, yo kowe iku panggonaku
Nang ngendi aku ngerenungke awak
Pikiran sing semrawut dadi jenjem
Ndadekake urip luwih prasaja







