10 Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa dan Struktur Lengkap

10 Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa dan Struktur Lengkap

Gaya Hidup | BuddyKu | Senin, 19 September 2022 - 16:38
share

JAKARTA, celebrities.id - Contoh cerita pendek bahasa Jawa dapat menambah referensi kamu dalam membuat cerpen berbahasa Jawa atau cerkak alias cerita cekak (pendek).

Cerita cekak sendiri merupakan cerita pendek yang biasanya berisi tentang kisah fiksi. Cerkak menjadi salah satu karya sastra yang sering dipelajari di mata pelajaran sekolah, khususnya Bahasa Jawa.

Cerkak terbangun dalam beberapa struktur penulisan, salah satunya adalah eksposisi. Eksposisi dalam cerkak merupakan bagian yang mengenalkan tokoh utama, latar, serta situasi dalam cerita.

Dilansir dari berbagai sumber, celebrities.id, Senin (19/9/2022) telah merangkum contoh cerita pendek bahasa Jawa, seperti berikut.

Apa Itu Cerkak?

Dalam laman Kemendikbud diterangkan bahwa cerkak merupakan singkatan dari cerita cekak atau cerita pendek yang dapat dimaknai luas sebagai cerita pendek yang padat dan langsung pada tujuannya dalam hal ini dalam bahasa Jawa. Unsur inti, intrinsik dan ekstrinsik merupakan bagian yang harus dipenuhi dalam sebuah cerkak.

Umumnya, unsur inti dari cerkak berisi pesan moral, kejadian tentang konflik tokoh utama yang dikenalkan, puncak kejadian, konflik yang dialami tokoh dan eksposisi tentang setting tokoh dalam cerita serta situasi kejadian.

Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa

1. Sahabat Kang Becik

Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Inda sing wes gak melbu sekolah ono seminggu. Jare konco-koncoku si Inda iku loro tipes, terus aku due ide urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Inda. Aku lan koncoku liane numpak sepedah bareng mergakne omae Inda ugo gak adoh tekan sekolahan.

Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban sepedahku kenek paku. Do, pedahku kok kroso aneh ya lek di tumpak i, aku muni nek Dodo !! Lha emange konopo? jawabe Dodo. Sek jajal mandek tak delok e disek, balesku. Terus aku karo Dodo jajal mandek gawe ndelok pedahku sak temene kenek opo, Sementara konco-koncoku liane budal disek gak enek sing eruh. Mbasan di delok, tibak e pedahku kenek paku lan ban e gembos ora iso ditumpaki.

Akire aku dikancani Dodo nuntun pedah goleki tukang tambal ban. Amergo posisi pas kui tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke sepedahku ing omae salah siji warga cedak kunu. Terus aku di gonceng Dodo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek menyang omae Andi. Aku matur suwun banget karo Dodo, amergo Dodo salah sijine sahabtku kang becik atine. Dodo gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan. Setelah kedadean kui aku maleh akeh sinau tentang artine persahabatan.

2. Kanca Saklawase

Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku

cilik. Sodiq iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang

ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes

biasa dadi yo gak tak gowo ati.

Duwar...itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae,

nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq. Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani

mengko karo pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq

mlebu kelas bareng-bareng.

Bel bali sekolah uwes di munike, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning

tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir

mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko

buku sek tak gowo tibo buukkkk ditabrak bocah cilik.

Sepurane mas aku gak sengojo e\' Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek mlaku kui seng ati-ati ya dek Enggeh mas Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah pitu, yo koyo biasane aku melu pelajarane pak guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora koyo biasane, sodiq kok gak ketok sedino kie, dadeake khawatir maring pikiran aku, aku mutuske bali sekolah maring omahe sodiq.

Tekan ngarep omahe tika yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo gak ono uwong. Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule sodiq ora nek omah kono alias pindah anyar. Bali seko omahe sodiq aku lagi kepikiran loh kenopo kok sodiq pindah kok ora neng kono wae? Yo kenopo kok sodiq gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku dadi bingung dewe karo sodiq.

Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sodiq sek anyar.

1 jam luih jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu

omahe sodiq batinku. Aku kaget tekan ngarep omahe sodiq seng biasane urip enak

lan kepenak saiki malah urip nek tempat sek kumuh lan sempit.

3. Tepang Tahun

Minggu wingi aku ulang tahun umur 11 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngundan kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 25. Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno. Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah. Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi. Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut. Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lepak lan sepatu. Acara kasebut berjalan dengan meriah, momen iku ora bakal iso tak lalekne.

4. Lomba Cerdas Cermat Sekolah

Nang dina sabtu pas mulih sekolah ana pengumuman babagan arep dianakne LCC utawa Lomba Cerdas Cermat, sing arep dianakne dina senin lan panggone neng lantai dhuwur. Farah, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora? Dafi ngesem, Miturutku sih lomba kesebut menarik uga sih, kondho Farah sing banjur mlaku nuju kancane Dafi, kepiye yen kowe melu lomba kuwi?

Ya ora kanca-kanca, Dafi lan Farah lungguh iya aku lan Maya setuju karo usulan Dafi kuwi, Lia lan Maya njawab barengan Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi, Farah ngesem Nah ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe, Dafi ndeleng Farah Eh kanca-kanca awake dhewe menyang perpustakaan yo, Farah ngajak kabeh kancane iya yo aku uga pengen maca buku, kabeh kancane njawab karo barengan.

Farah lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan Rere pengen lunga menyang toilet eh Ana aku arep menyang toilat sedhela ya, aku wis ora kuwawa ki Rere jaluk izin marang Ana haha, iya cepet menyang toilet kana Ana nggumuyokake Rere nuwun ya, Rere mlayu karo cepet nuju toilet, banjur Farah lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh akhire nganti uga neng perpustakaan, kondho Dafi marang kancane kabeh lan dheweke banjur nggoleki buku-buku sing pengen diwaca

Ana, yen kowe arep nggoleki buku, kowe dhisikan ae soale aku pengen nggoleki buku cerito dhisik, Farah mlaku nggoleki-golek buku sing lagi digoleki iya aku uga pengen nggoleki buku Matematika, Ana nuli ngesem lan Dini, ngira uga nggoleki-golek buku cerita bahasa jawa kanthi tema pendidikan sekolah dan persahabatan. Rere sing mau menyang toilet mau banjur bali menyang perpustakaan meneh, neng tengah dalan dheweke ndeleng cah wedok sing ayu lan wedok kuwi nuli nyeluke.

5. Tuku Sepeda

Ing sore kang cerah, kejaba Wina katon lunggung ono kursi ngarep omahe. Ulate mbesungut, atine katon nggondok. Buk, bapak dereng rawoh ta? Kok suwe eram. Pitakone Wina marang ibune. Ugo tibak e wisnu wes dijanjeni bapak e arep dijak mlaku-mlaku sore menyang toko sepedah. Wina terus kelingan janjine bapak yen dhewek e biso rangking 1 arepe di tumbasne sepedah anyar koyok sing wes dipingini wisnu katon suwe.

Bapak jek kerjo nu, kayak e bakal muleh rodho telat!, jawab e ibuk. Wina nimpali dawuhane ibuk, Lha bapak wingi pun janji ajenge numbasne aku sepedah anyar lo buk, mosok bapak kesupen ya!. Ora suwe banjur ono suworo motor melbu nek ngarep omah, Wisna langsung mlayu mastekne yen suworo iku teko motor e bapak e muleh kerjo.

Hore, Bapak rawuh. Bapak rawuh... Wina Sorak-sorak bungah atine. Wina sing awale katon lesu, gelisah lan bingung ugo langsung semangat. Polae dino iki mau Wina tompo rapot lan dilalahe oleh ranking 1. Pak, sore niki sios tumbas sepedah anyar kagem Wina kan?, Wina mastekne menyak bapak e.

Wah, anakku ranking 1 tenan to? Selamat yo le.. ayo gek dang adus terus budal tumbas sepedah, jawabe bapake wina. Banjur tanpo basa-basi Wina langsung njupuk klambi lan mlaku nak jeding ados. Sak gebyuran ugo wis cukup-lah kanggo adus sore iki, ben cepet. Batine Wina.

Rampung adus, adit di dandani karo ibuke, gawe minyak wangi lan pupuran merok-merok. Bar kui langsung nemoni bapak e sing wes siap budal ngenteni nek ngarep omah. Ing toko sepeda, Wina sampek bingung milih sepedah sing di pingini. Akeh pilihan sepedah sing di tawarke mulai rego 1jt 3jt apik-apik tur warnane katon nyenengke. Sak wise milih-milih sepeda kang ono ing toko, wisnu mulai sreg karo salah sijine sepeda kang warnane orange.

6. Jago Bangkok

Ibu Rini Sasmita, sesasi kepungkur mengeti dina ulang taune kang kaping patangpuluh pitu. Sepuh durung, nanging uga wis ora disebut mudha. Diupamakke ubenging srengenge, lagi jam siji awan. Uwis wiwit gumlewang mangulon, nanging panase isih krasa sumelet. Srawung karo sapa wae kepenak. Kumpul karo priyayi sepuh ora katon mudha, kumpul karo wong enom ora katon sepuh. Iku mau keluwihane Bu Rini kang ora liya ibu kandhungku dhewe kang banget tak bekteni, Ian tak sayangi.

Wis tinggalen, Buk. Kuwi tak tandangane. Nek mung nyayur sop wae, aku pinter. Iki

wis jam pitu, engko ditinggal Bulik Indarto, ujarku marang Ibu kang lagi utheg ing

pawon. Oke, sayang.. mengko aja lali nggoreng tempe gerit karo gawe sambel lombok abang, wangsulane Ibu saka kamar, salin ngagem clana training biru, warna favorite. Saben Minggu esuk Ibu ora nate absen tindak menyang Sanggar Senam Saras Salira saperlu olahraga senam, bebarengan karo ibu-ibu komplek perumahan.

Tindake nunut mobil Kijang kagungane Bulik Sasmita, wetan omahku. Yen wis kumpul Ibu padha ibu ngono kuwi, rasane banjur bali kaya dhek nalika isih mudha. Lali yen kabeh wis padha kagungan buntut Malah, siji-loro ana sing wis peputu. Karena kerep kumpul-kumpul kaya mengkono, njalari penampilane Ibu tansah fress. Seger, renyah, sumringah. Ora kleru yen kanca-kanca SMA-ku biyen padha nyebut Ibuku, Ibu Gaul. Yen ngepasi kanca-kancaku dolan menyang omahku, Ibu ora canggung melu njagongi.

7. Preian Sekolah

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah sing suwene ono seminggu, aku lan keluargaku duweni rencana bakal dolan menyang griyone kakungku kang ono ing deso tandan sari. Desone kakungku terkenal ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan teko omahku menyang omae kakungku butuh wektu 4 jam.

Mari sholat subuh aku wes semangat adus lan nyiapne klambi ganti selama liburan ing kono. Gak lali ibukku juga nyiapne bekal dige selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik amergo perjalanan menyang omae kakungku ngelewati gunung lan hutan.

Aku lan keluarga budal teko omah jam 7 esuk numpak mobile bapak. Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang pengalamane bapak pas jeg cilik nek omahe kakungku. Aku maleh duwe rencana pengen dolan nek kali, sawah lan kebon e kakung.

Ora kroso crito ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan tibak e ameh tekan omahe kakungku. Kakungku ketok wes siap ngenteni nek ngarep omah karo wajah e seneng banget karo katekananku. Aku salah siji putune sing di sayang. Selama nek omahe kakungku, aku di ajak dolan menyang kali, sawah lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah nek desone kakungku.

8. Soklat Bungkusan

Udan sing tumurun esuk iku kuwawa nggogrogake gegodhongan saka pang-pange

kang pengkuh. Hawa adhem kaya-kaya nyirep sawetara pawongan amrih katrem ing

peturone nadyan Wayahe saya awan. Mula dalan-dalan kang ana ngarep bale kutha

kuwi katon sepi. Kamangka padatane jam samene iki wis akeh uwong sing playon

mburu wektu tumuju papane makarya.

Nanging hawa adhem iku kanggone Manto ora nduweni teges apa-apa. Apa maneh

yen dheweke nyawang kalendher kang cumathel ana kamar tengah, Manto saya ora

jenjem. Mula sabubare sarapan Manto agahan pamit sing wadon, Ranti, budhal

menyang sekolahan. Sawise ngetokake sepedhah motore Manto banjur nggeblas nyasak derese udan tumuju menyang papane nyambut gawe.

Senajan yen dirasakake kanthi temenan asile durung bisa digunakake kanggo nyukupi kebutuhan omah nanging sinurung rasa tanggung jawb kang gedhe Manto tetep semangat anggone mulang muridmuride. Manto ngrasa syukur ditampa kerja ana papan kono, jalaran ngerti yen ora kabeh panglamar begja kaya dheweke. Tangga teparo ngertine uripe Manto wis mapan.

Awit sawise lulus saka universitas kaloka ing Sala dheweke terus ditampa kerja ana sekolahan kang manjila iku. Nanging sejatine nasibe Manto ora beda adoh saka guru honorer liyane. Minangka guru anyar kanthi status sukuan, Manto kudu nrima nadyan bayare saben sasi ora mingsra alias sangisore upah minimum kang ditetepake pamarentah. Mula amrih bisa nyukupi kabutuhan sedina-dina, dheweke kudu golek obyekan kerja sing ora ngganggu jam mulang.

Ya saka tetembungan kng dikandhake dening sisihane kuwi dheweke tetep mulang ana papan kono, ngelingi jaman saiki golek gaweyan maton iku angel banget. Apa maneh yen ngelingi gelar sarjana kang kasil direngkuh uga durung bisa digunakake kanggo cekelan golek gaweyan sing jumbuh klawan atine. Manto akhire mupus. Kanggo sauntara ditrimak-trimakake kerja ana sekolahan kono nadyan gajine ora cukup. Jalaran akeh kanca-kancane kuliyah sing isih ngalor-ngidul bingung golek kerja.

9. Mlebu Sekolah SMA

Sak uwise perian sekolah suwe, sesok wayae mlebu sekolah ugo golek ilmu kanggo sangu mbesuk gede. Ora kroso ati iki mulai gugup amergo sesok bajur uwes sekolah ing bangku SMA. Aku ketrimo ing SMA sing tak pengeni kang panggonane ono kuto gede. Aku wes ora sabar bakal ketemu konco anyar, guru anyar lan pengalaman anyar. Bapak lan Ibu juga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah tenanan, pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo.

Ora lali aku ugo dikandani lek sekolah ing kuto kudu iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu taat agama! Ora kroso dino kang ditunggu tibo. Tepate dino senin aku di terke bapak menyang sekolah gawe seragam anyar lengkap. Aku diterke sampe gerbang ngarep sekolahan terus pamitan lan bapakku muleh. Bapakku matur. Lek wes jam muleh sekolah ngabari ya le, ngko tak papak Enggeh Pak !!, jawabku.

Aku mulai melbu sekolah nuju lapangan kang uwes ono akeh bocah anyar baris. Dino iki enek kegiatan sing diarani MOS. Jadi poro siswa anyar bakal dikenalke karo lingkungan sekolah sing suwene 3 dino. Acara MOS iku dimulai pembukaan upacara bendera, wejangan soko bapak kepala sekolah, perkenalan lingkungan lan lio-liane. Aku seneng banget duweni kesempatan iso sekolah SMA ing kuto. Aku berjanji karo awakku dewe lek nek sekolah iki bakale aku iso luweh berprestasi, sregep lan iso manggakne wong tuaku loro karone.

10. Katresnan Instagram

Ajuning kemajuan jaman prasasat datan bisa dibendung maneh, jarene wong akeh sinebut globalisasi. Globalisasi dewe, saumpama dijarwakake kanthi basa jawa yaiku tansaya sumpeg lan rupake alam donya iki merga saking majune teknologi kang anjrah engga tekan karang padesan. Dadine, nadyan ana suwaliking bumi bisa krasa cedhak merga majuning tehnologi kang ora tinemu ing jaman sadurunge.

Coba dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan karo anake sing mapan ana Jakarta yo gelem ora gelem kudu menyang Jakarta. Utawa suwalike, si anak kudu bali menyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana Yogya. Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad ora sethithik yen bakal sesambungan. Umpama bisa sesambungan, sranane telpon ana wartel, kirim layang utawa telgram.

Ning saiki, tahun 2022 iki, aja maneh Jakarta, selagine kepengin ngobrol karo keluarga sing mapan ana Amerika wis dudu barang angel maneh. Sing jenenge Handphone prasasat wis pating glethak saben papan. Tegese HP wis dudu barang larang maneh. Jaman aku sekolah kepungkur, aja kok ngimpi nyekel HP, selagine gambar lan bentuke wae durung weruh. Lha saiki, anakku sing isih kelas 3 SD wae cekel-cekelane HP, lha apa ora jamane wis owah?

Kamangka, bocah SD saiki kathik sing jenenge nyekel komputer wis canggihe ora jamak. Sejene kuwi, internet, twitter, engga sing aran Facebook anjrah tekan karang padesan. Mbukak sing jeneng facebook, twitter, yahoo massanger, lsp ora kudu ndadak nyang warnet, bisa diakses liwat HP. Mula ora jeneng aneh maneh, yen donya sing jembar ngilak-ilak prasasat dadi cupet tanpa wates.

Contone, FB, Twitter, Instagram, bisa dadi srana kanggo iklan utawa bisnis. Bisa uga kanggo dakwah agama, lan uga ngudi ngelmu. Yo merga ngenut ombyaking jaman iku, aku reka-reka melu gawe akun Instagram, Kanyatan, ora nganti let sasen-sasen akun IG-ku wis tambah kanca nganti ewonan wong. Senadyan durung nate ketemu, nanging lewat akun kekancan IG iku awakku bisa gegojekan kanthi bebas klawan kanca anyar sing babar blas ora tak ngerteni papan dununge.

Topik Menarik