3 Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa Acara Halal Bihalal
JAKARTA, celebrities.id - Contoh ikrar Syawalan bahasa Jawa dapat menambah wawasan Celeb Hitz lebih luas terkait materi sambutan atau pidato singkat. Ikrar Syawalan disampaikan dalam rangka halal bihalal keluarga.
Dalam ikrar Syawalan, penyambut menggunakan bahasa Jawa sebagai pengantarnya untuk saling maaf-memaafkan antar sesama keluarga, sanak saudara baik dari yang muda hingga orangtua.
Dilansir dari berbagai sumber pada Sabtu (29/4/2023), celebrities.id telah merangkum contoh ikrar Syawalan bahasa Jawa, sebagai berikut.
Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa
a. Contoh Pertama
Bismillahirohmanirohim
Assalamualiakum Wr, Wb,
Kepareng mator, dumateng bapak-bapak ibu-ibu, ingkang kapernah sepuh, kulo caos sungkem pangabektos. Dumateng bapak-bapak ibu-ibu, lan sederek kulo sedoyo, ingkang kapernah anem, menapa dene ingkang kapernah sesami-sami, kulo ngaturaken salam taklim.
Wonten ing wekdal punika, Sepisan ngaturaken sedaya kalepatan kula, ingih engkang kasengojo, munopo dene mboten kasengojo, lahir batos nyuwun pangapunten. Lan kulo ugi, caos pangapunten, dumateng panjenengan sedoyo, mbok bilih kagungan kalepatan, dumateng kulo. Mugi-mugi Gusti Allah, paring maghfiroh, dumateng kito sami. Amin ya robbal alamin.
Kaping kalih, ngengingi hak adami, ingkang sampun tumanduk dumateng kulo, ingkang dereng halal, kulo nyuwun halalipun, dene ingkang sampun halal, mugi-mugi saget mberkahi, manfaati, dumateng kulo sak keluargo.
.
b. Contoh Kedua
Bismillaahirrahmaanirrahiim,
Assalamualaikum Wr, Wb,
Kula sedaya, warga ageng SMA., saha sedaya ingkang lenggah, ing papan menika, kanthi eklasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar halal bi halal.
Atur ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun, ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabekti. Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam talim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.
Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1444 Hijriah, kairing atur, taqobbalallohu minna wa minkum, taqobbal yaa kariim, minal aidzin, wal faidzin.
Atur kaping tiga, kula ngaturaken, sedaya kalepatan kula, lampah setindak, wiraos saklimah, ingkang kasengaja, saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau, boten pikantuk, idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.
Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kalepatan dhumateng kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kalepatan panjenengan, ingkang tumanduk, dhumateng kula. Mugi-mugi Gusti Alloh, ngijabahi panuwun kita. Aamiin.
Wasalamualikum Wr.Wb.
c. Contoh Ketiga
Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Assalaamualaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.
Poro pinisepuh soho sesepuh ingkang kinabekten, ingkang kulo hormati panjenenganipun Bopo Wahyudi Sutrisno. Ingkang minangka sulih para sesepuh. Ingkang kawulo hormati, Para bapak saha ibu wonten ing dusun Gadungan,ugi sedaya warga dusun Gadungan, ingkang sampun kepareng rawuh wonten ing papan punika.
Keparenga kula matur minangka sulih atur saking para putra wayah utawi ingkang kapernah enem, hangaturaken ikrar halal bihalal wonten ing enjang punika. Ingkang sepisan, ngaturaken sugeng riyadi Lebaran 1444 H dhumateng para bapak ibu sedaya.
Minal aidin wal faizin.
Ingkang angka kalih, ngaturaken sedaya kalepatan para putra, wayah ingkang disengaja utawa mboten disengaja, lair punapa batin, anggenipun para putra wayah sesrawungan ingkang punika, para putra wayah tansah nyuwun pangapunten ingkang ageng dhumateng bapak ibu sedayanipun. Dening atur salajengipun, para putra wayah tansah nyuwun donga pangestu, mugi-mugi punapa ingkang dados gegayuhan putra wayah saget kasembadan sedayanipun.
Kathah lepat lan kekiranganipun kulo nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun. Panutupipun atur, wa billaahi thaufiq wal hidayah, wassalaamualaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.



