7 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema
JAKARTA, celebrities.id - Kosakata bahasa Jawa pada saat pidato tentu sangat berbeda dengan bahasa Jawa yang kerap kamu denger pada umumnya. Penggunaan bahasa Jawa pada saat pidato biasanya menggunakan bahasa halus atau dikenal dengan krama inggil.
Hal itu disebabkan karena bahasa krama inggil bersifat sopan dan baku. Tentu dalam penulisan serta pengucapannya sangat berbeda dan cukup rumit untuk dicerna. Lalu bagaimana contoh pidato bahasa Jawa dengan menggunakan tata bahasa krama inggil?
Berikut ini Celebrities.id akan merangkumnya untuk kamu, Sabtu (26/03/2022), yuk simak ulasan satu ini.
Deretan Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat
1. Contoh Pidato Kemerdekaan Indonesia
Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Ingkang kinurmatan bapak rt 02 rw 05. Bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang minulya saha para murid wedok ingkang kula tresnani lan kono bank akan.
Langkung sepindah sumonggo kita panjatkan puja lan puji syukur maha agung pan sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget makempal wonten acara punika tanpo alangan pinunggalanipun. Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh malam tirakatan indonesia kaping 67.
Bapak ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Kita sedaya kados sampun mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 indonesia mbiyawaraaken kamardhikan
Para pemimpin bangsa kita punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan sedaya kasamaraning menika yoiku saperlu tirakatan. Serta sesarengan nyenyuwun marang gusti allah supados nagari indonesia salajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Wonten kelepatanipun kula nyuwun agungen pangapunten. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarokatu.
2. Pidato Mengenai Pentingnya Kesehatan
Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum wr. Wb
3. Pidato Kata Sambutan Pernikahan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.
Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.
Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin.
4. Pidato Singkat Bahsa Krama Inggil
Assalamualaikum Wr. Wb.
Dumateng bapak kepala sekolah lan ibu guru ingkang kulo hormati.
Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani.
Monggo kita ucap puja lan puji syukur dhumateng gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi karunia dumateng kita sedaya saenggo saged makempal kanthi lancar.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip menungsa. Saenggo, kita sedaya wajib njaga lingkungan supados bumi saged dados panggenan urip ingkang kapenak.
5. Pidato Bahaya Narkoba
Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Puji saha syukur kita panjataken dumateng allah subhanahu wa taala ingkang sampun daya rahmat lan hidayahipun kagem kita sedaya. sahinggo kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat. Kenapa sarto salam mugi katetepna dhumateng nabi muhammad sholallohualaihi wassalam, lan sedaya umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.
Bapak ibu serta kaca-kanca ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba sarta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun katerangaken barito ing pawartos tivi sok sintena ingkang ginaaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau. Sawisipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarokatu.
6. Contoh Pidato Sumpah Pemuda
Assalamualaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, bapak utawi ibu dwija saha karyawan sedaya ingkang kula trisnani. Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur gusti allah ingkang maha agung asah pinaringan nikmat sehat santoso selamat kepada kula saha panjenengan status pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau ing pawiyatan kita menika sedoyo.
7. Pidato Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA Banyuripan
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMA Banyuripan
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Banyuripan sedaya
Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal meika kita taksih pinaringan kaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal. Kula Arini wakil saking kelas 12 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawitan SMA Banyuripan.




